search this blog

Rabu, 30 November 2011

 syair tanpo waton- KH ABDURRAHMAN WAHID

Astaghfirullah robbal baroya…
Astaghfirulloh minal khootooya…

Robbi zidni `ilmannaafii’a…
Wawaffikni `amalansoliha…

Yarosulalloh salammun’alaik…

Yaarofi’asaaniwaddaaroji…

`Atfatayaji rotall `aalami…
Yauhailaljuu diwaalkaromi…(2x)
=================================
Ngawiti ingsun nglaras syi’iran
Kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan (2x)

Duh bolo konco priyo wanito

Ojo mung ngaji syare’at bloko

Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembe mburine bakal sangsoro (2x)

Akeh kang apal Qur’an haditse

Seneng ngafirke marang liyane

Kafire dewe ndak digatekke
Yen isih kotor ati akale (2x)

Gampang kabujuk nafsu angkoro

Ing pepaese gebyare… ndunyo

Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine peteng lan nistho (2x)

Ayo sedulur jo nglaleake

Wajibe ngaji sak pranatane

Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine (2x)

Kang aran sholeh bagus atine

Kerono mapan sari ngilmune

Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo hakekot manjing rasane (2x)

Al-Qur’an qodim wahyu minulyo

Tanpo tinulis iso diwoco

Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing jero dodo (2x)

Kumantil ati lan pikiran

Mrasuk ing badan kabeh jeroan

Mu’jizat rosul dadi pedoman
Minongko dalan manjinge iman (2x)

Kelawan Alloh Kang Moho Suci

Kudu rangkulan rino lan wengi

Ditirakati, Diriyadhohi
Dzikir lan suluk jo nganti lali (2x)

Uripe ayem rumongso aman

Dununge roso tondo yen iman

Sabar narimo najan pas-pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran (2x)

Kelawan konco dulur lan tonggo

Kang podho rukun jo gawe sio

Iku sunnahe, Rosul kang mulyo
Nabi Muhammad, Panutan kito (2x)

Ayo nglakoni sekabehane

Allah kang bakal ngangkat drajate

Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate (2x)

Lamun pralasto ing pungkasane

Ora kesasar roh lan sukmane

Den gadang Allah swargo manggone
Utuh mayite ugo ulese (2x)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar